Jumat, 12 Desember 2008

TULADHA NEMBUNG / NGLAMAR



Samasa tiyang anjodhoaken anakipun jaler, lan sampun wonten pawestri ingkang dipun kajengaken, langkung rumiyin kedah nembung utawi nglamar, punika sampun dados tatacara ingkang kedah linampahan. Limrahipun tumindak nembung mekaten kanthi lantaran utusan, utawi tiyang sanes ingkang dipun saraya. Awewaton gegebenganipun tiyang jawi ing babagan punika, sedaya tumindak kedah saget dipun ajab sawabipun, pramila tiyang ingkang dipun utus utawi dipun saraya, prayoginipun tiyang ingkang sampun cekap ing yuswa, lan malih pantes tinulad.
Punapakemawon ingkang dados gegaranipun tumrap ingkang dipun utus inggih punika :
Mangertos nama-namanipun priyantun ingkang badhe dipun ajak bebesanan lan namanipun lare pawestri ingkang dipun lamar.
Mangertos nama-namanipun priyantun ingkang ngutus lan nama putranipun.
Serat/nawala panglamar, kalebataken ing amplop ingkang pantes, kaseleh ing baki, sokur bage rinengga edi.
Wonten kadang kinarya roang, lan ugi minangka paseksen.
Dene tumrap ingkang ngutus, dakderengipun kedah secala langkung rumiyin, dilih ing dinten ing tanggal ingkang tinantu badhe sowan. Bab nglamar ingkang kinanthen serat/nawala punika sanes akal-akalan utawi sanggit jaman sakpunika, jalaran wiwit kina mila nglamar kinanten serat mekaten sampun dados adat/tatacara. Bab punika prelu, jalaran jejodhowan punika satunggaling prakawis ingkang wigati, dados sedaya ingkang kawiyos ing pangandika prayogi wonten kakancinganipun. Kados pundi tumindak lan wacananipun manawi kautus nembung :
Kedah netepi wanci ingkang sampun katemtoaken.
Panggenan ingkang prayogi lan memantesi.
Urut-urutanipun mekaten :
Sasampunipun dhateng lan dipun bagekaken lan lenggah kanthi prayogi, lajeng mbikak wacana, dene cengkoronganipun :
Nepangaken pribadinipun lan kanca rowangipun.
Ngaturaken punapa ingkang dados jijibahanipun, (dados utusan)
Ngandharaken punapa ingkang dados kaperluanipun.
Tuladhanipun mekaten :
Assalamu’alaikum wr.wb.
Kulonuwun, kula kepareng matur, kula ing siang/dalu punika tinanggenah dados utusanipun Bp./Ibu..............................sinaraya Bp./Ibu............................, ingkang pidalem ing..............................Kajawi punika kula ugi nepangaken kadang ingkang kula kanthi, inggih punika............................Bp./Ibu.............................., mugi tebihna saking sakathahing kalepatan/bebendhu, awit anggen kula kumawani sowan panjenengan, mboten sanes awrat dipun utus panjenenganipun Bp./Ibu....................................kinen/kadhawuhan matur wonten ing ngarso panjenengan. Dene ingkang dados wigatining prelu, kala semanten Bp./Ibu......................................kabrebel pangandikanipun, anggenipun.....................badhe kajodhokaken kaliyan putranipun kakung ingkang asesilihipun Bg..........................makatena manawi wonten chondonging panggalih lan sepen ing pambengan.
Dados ringkesing atur, sowan kula punika saperlu “ngebun-ebun enjing, ajajawah sonten” putra panjenengan.
Mekaten wigatining sowan lan atur kula minangka utusanipun Bp./Ibu........................ dene minangka kekancingan sedaya ingkang sampun kula aturaken, sumangga serat punika mugi katampi kanthi suka bingahing penggalih.
Wasana cekap semanten ingkang dados atur kula, manawi wonten kalapatanipun, nyuwun pangapunten. Wassalamu’alaikum wr.wb.
(salajengipun serat/nawala kanthi anorraga kaaturaken (sakbakinipun)
Kados pundi menggah tanggapanipun Bp./Ibu..............................ingkang dipun sowani, limrahipun dipun dampingi sawenehing kadang lan mangkenipun badhe hamakili matur, nanging saumpami mboten dipun wakili, inggih prayogi kemawon. Ingkang perlu dados kawidadosan wonten tatacara punika, nanggapi panyuwunipun utusan kalawau, boten prayogi atur wangsulan sanalika. Punika kirang prayogi menggah priyantun gadah putro pawestri dipun tembung teka lajeng sanalika dipun ulungaken (paringaken). Pramila tanggapanipun makaten :
Bapak.............................kados boten kirang trewaca malih menggah dhawuh pangandika panjenengan, ingkang mratelaken bilih panjenengan kautus Bp./Ibu................ Tinanggenah nglantaraken punapa ingkang dados kapreluanipun, inggih punika anggenipun nedya bebesanan kalian kula kanthi mundhut anak kula pun............................dados putr mantunipun. Kula sakulawarga ngaturaken sanget agenging panuwun, namung mugi boten kirang ing pamengku, dene atur wangsulan kula ingkang gumathok benjing kula aturaken samasa kula sowan panjenenganipun Bp./Ibu................................. Bab wekdalipun bade katemtoaken ing wingking. Mangke manawi sampun dawah dinten ingkang katemtoaken badhe atur wangsulan, saderengipun kedah nyamektaaken serat/nawala, ingkang suraosipun sami kaliyan ingkang badhe kawedhar ing lisan. Dene tuladha wacananipun mekaten :
Bp./Ibu...................................sasampunipn sami pinanggih wilujeng, mugi kepareng kula matur, saprelu nglajengaken rembag kapengker, duk nalika panjenengan utusan dateng griya kula, nelakaken menggah wiyosing sedya anggen
Awit saking gambuhing pamanggih kula sakaluwarga lan manut petang boten wonten prakawis ingkang sifatipun ganjil, pramila kula namung jumurung kapareng panjenengan. Mugi-mugi anak kula pancen sampun pinasthi dados jatu kramanipun putra panjenengan ing salami-laminiun, lestantun lan runtut ing samukawis. Dene dinten kalampahanipun dhaup, wonten ing wekdal ingkang prayogi badhe katuraken.
Tuladha-tuladha wacana kados kasebat ing nginggl punika lumadosipun nalika tiang jawi apalakrama awit saking kareksanipun tiyang sepuh, kamangka jaman samangke sampun benten. Sapunika para putra sami pados calon jodhonipun piyambak-piyambak.
Amila wonten ing wacana panembung mesthinipun inggih wonten bentenipun, ananging saumpami jaman sapunika nembung/nglamar kanthi ngginakaken tuladha wacana ing nginggil, inggih prayogini kemawon, boten wonten katentuanipun, malah ngiras pantes nguri-uri budaya jawi, titlaranipun para leluhur.
Tataran salajengipun, sasampunipun wonten cundhuking pamanggih lan condonging panggalih antiwisipun priyantun ingkang badhe bebesanan, lajeng ngancik tataran candakipun inggih punika “Asok paningset” (pasrah paningset). Katerangan bab paningset dalah tuladha wacananipun masrahaken lan nampi, saget kawaos ing kaca candakipun.

TULADHA ASOK PANINGSET ( PASRAH PANINGSET )



Satunggaling tataran tiyang badhe jejodohan, sasampunipun nembung/nglamar lan sampun pikanthuk wangsulan gumathok, kalajengaken asok pangingset. Pihak calon pengantin jaler satunggaling wekdal ingkang sampun katemtokaken saderengipun, masrahaken paningset, minangka kekancinganing rembak anggenipun badhe jejodohan/bebesanan, kala rumiyin wekdalipun antawis setengah dumugi satunggal tahun saderengipun ijab.
Paningset dalah pangiringipun, limrahipun dipun damel pepethan sawarnining kewan lajeng winadhahan baki dipun tata kanthi sae lan endah mila ngresepaken manawi kadulu. Baki-baki kala wau dipun bekta para Kenya kabusana sarwa edi peni, dene lampahipun tumuju dalemipun calon besan wonten ingkang piniji minangka sespuhipun, lan ing mangke ingkang badhe masrahaken manawi paningset kala wau ugi kinanthen “redana” saget dipun asta sesepuhipun, ananging ugi saget dipun sarengaken kaliyan baki, kanthi wadhah miligi. Redana punika anggenipun masrahaken sarampungipun atur pasrah paningset, dene kala rumiyin kanthi tembung : “Ngaturi urun kagem tumbas sarem”.
Sapunika asok paningset limrahipun dipun sarengaken wonten ing malem midodareni, kalajengaken ijab qabul mila paningset kala wau ugi kinanthen “mahar/mas kawin” minangka jangkepipun ijab qobul.
Wasana masrahaken paningset punika cengkoronganipun sami kaliyan masrahaken pengantin, namung ing babakan wigatining prelu mesthinipun benten tuladhanipun makaten:
Adangiyah : Salam.............................................
Katur Bp.............................ingkang kinormatan.
Kula ing mriki tinanggenah hamakili panjenganipun Bp./Ibu...................... ingkang pidalem .........................dalu/siang punika mundhi dhawuh kinen sowan ing ngarsa panjenengan.
Namung saderengipun kula ngaturaken wigatining sowan kula, sumangga tansah munjukaken raos suka syukur wonten ing ngarsanipun pangeran ingkang Maha Mirah, dene awit sih berkahipun, kula panjenengan saget sami pinanggih kanthi wilujeng.
Bp.........................ingkang kinormatan, sasampunipun kula kasembadan kanthi wilujeng sowan panjenengan, langkung rumiyin kinen ngaturaken salam taklimipun Bp./Ibu......................katur dhumateng Bp..............................dene ingkang dados telenging sedya saha wigatining prelu, Bp/Ibu...............................anggenipun badhe andhaupaken putranipun kakung Bagus..............................kaliyan Rr...................... Putra-putrinipun Bp..................................dalu/siang punika sowan saprelu ngaturaken sarat sarono utawi paningset, dadosa tandha cehna anggenipun sampun sami gumolong sedyanipun, kajawi punika kula ugi ngaturaken redana, minangka urun-urun tumbas sarem. Awit daking punika sumangga keparenga nampi kanthi suka bungahing panggalih.
Minangka panutuping atur kula, bok bilih sowan kula sakadang wonten meranging susila, semanten ugi wonten atur kula ingkang boten mranani ing panggalih, kula namung tansah nyenyadhang lumebering sih samudra pangaksami. Nuwun.
Mekaten menggah tuladha ingkang dados bakening wacana samasa masrahaken paningset, dene wacana atur panampinipun, cengkoronganipun ugi sami kaliyan malika nampi pasrah penganten.

TULADHA NAMPI PASRAH PANINGSET



Pla / cengkoronganipun sami kaliyan wacana nami penganten :
Salam...................................................................
Katur Bp........................................... ingkang pantes hanampi ing pangormatan.
Kula ing mriki tinanggenah minangka paraga sulih sariranipun Bp./Ibu..................... dalu/siang punika kula mundhi dhawuhipun kinen nampi saha hananggapi menggah rawuh penjenengan.
Ingkang punika langkung rumiyin ngaturaken pambagya wilujeng rawuh, saha boten kesupen munjukaken puji syukur ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, saking paringipun berkah saha sih rahmatipun, panjenengan sampun kasembadan rawuh ing papan punika kanthi wilujeng.
Dene punapa ingkang dados wigatinipun ing ngajeng sampun panjenengan dhawuhaken, wiwit purwa, madya lan wasana kados boten kirang trewaca malih menggah panampi kula, inggih punika : salam taklimipun Bp./Ibu.......................sampun kula tampi lan mangke badhe kula dumugekaken Bp./Ibu.........................Sawangsulipun Bp./Ibu............................ugi ngaturaken salam kawilujengan mugi katur Bp.................... sekaliyan, semanten ugi pasrah panjenengan paningset dalah sauba rempenipun kula tampi kanthi suka bingahing manah, boten langkung Bp............................sekaliyan ngaturaken sanget agenging panuwun. Sumangga sami memuji sadayanipun saget kasembadan kanthi wilujeng, tebih saking godha rencana, cinaketna ing suka basuki.
Ing wasana cekap semanten atur kula boten sanes menawi wonten galap gangsuling atur kula keparenga hangluberaken agunging samodra pangaksami. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

TULADHA MASRAHAKEN SAHA NAMPI PASRAH PENGANTEN



Sasampunipun tataran asok paningset, ngancik tataran candhakipun dahuping penganten. Tatacara-tatacara ingkang katindakaken saderengipun dhuping penganten, antiwisipun :
Pasang tarub lan tuwuhan
Siraman
Midodareni
Ijab Qabul
Lan taksih kathah sanes-sanesipun
Kala rumiyin wekdal antawis asok paningset dumugi wancinipun dhaup radi sawitawis dangu, inggih punika antawis 6 wulan dumugining satahun. Ananging jaman sapunika ijabing penganten katindakaken wonten ing malem midodareni sasampunipun tatacara pasrah paningset. Malah wonten ingkang katindakaken ngajengaken panggih.
Dados jaman sapunika masa pepasangan sampun boten wonten. Masa pepasangan punika antawis asok paningset ingkang lajeng kasusul liru kalpika ngantos dumugining titimangsanipun dhaup. Saderengipun ijab, kalpika dipun angge ing jari manis asto kiwo, dene samangsanipun ijab, kalpika kalawau kapindhah ing jari manis asta tengen. Kanthi makaten saget kangge titikan/tandha, manawi kalpika dipun ange ing jari manis kiwa, punika tandhanipun maksih masa pepasangan, dene manawi sampun kaagem ing jari manis kanan, tandhanipun manawi sampun kawiwaha/dhup.
Manawi sampun dumugi titi mangsa panggih, penganten jaler kalarabaken dhateng sasana pawiwahan. Ing ngriki wonten priyantun ingkang tinanggenah masrahaken. Lampahipun
Sasampunipun dumugi sangajenging wiwara pandhapi, kandhep sawatawis saprelu katindakaken tatacara “Pasrah panampining panganten kakung” wonten ing wacana pasrah utawi nampi mekaten, prayoginipun boten kekathahen/kepanjangen mindhak njuwarehi. Langkung sae manawi prasaja, ringkes, nanging sampun saget nyakup ingkang dados maksudipun. Wonten ing mriki prayogi ngasto catethan bab nama-nama lss. Ingkang dipun prelokaken supados saget nggancaraken tumindak. Ing ngandhap punika sawatawis tuladha-tuladha tanggap wacana ing pasamuwan, awujud pola utawi cengkorongipun, dene mencaring wacana saget dipun angget piambak.
TULADHA MASRAHAKEN PENGANTEN KAKUNG
Pambuka basa ( adaniyah )
Jaman sapunika limrahipun ngginakaken tembung “salam” utawi tembung sanesipun ingkang dipun kulinani, umpanipun, salam kawilujengan katur Bp....................., utawi “salam taklim” utawi “assalamu’alaikum wr.wb”, lss.
Sasampunipun salam manawi pasrah, ingkang langkung rumiyin dipun sebat asma priyantun ingkang badhe nampi, punika prelu sanget lan sampun ngantos kelepyan, mingka jangkeping unggah-ungguh/tata krama, kalajengaken nyebat ingkang dados tugas ayahanipun, tuladhanipun mekaten : “katur dumateng Bp................................ Ingkang kinormatan. Lajeng nyebat ingkang dados ayahanipun, tuladhanipun......... ingkang jumenenganipun minangka wakil/sesulihipun Bp./Ibu...................................
Nyebat dirinipun piambak (sanes nama), kalajengaken ingkang dados ayahanipun, tuladhanipun makaten : “kula ing ngriki mundhi dhawuh/ngemban jejibahan/dipun utus Bp./Ibu............................(tembung-tembung kala wauh dipun angge manawi ingkang ngutus yuswanipun langkung sepuh) dene manawi ingkang dipun wakili langkung nem, ngginakaken tembung.........................hamakili/tinanggenah dados wakilipun/sinaraya........................, lajeng nyebat ayahanipun tuladhanipun............... Kinen sowan lan matur wonten ngarasa panjenengan.
Munjukaken raos suko syukur dhumateng pangeran, tuladhanipun :
Saderengipun kula ngaturaken wigatosing sowan kula, prelu kula munjukaken puji syukur/raos suko syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, dene hawit saking sih berkahipun/sih rahmatipun/sih kamirahanipun, kula panjenengan saget sami pinanggih kanthi wilujeng ..................................(saget katambahaken........................ winantu ing suka rena).
Ngatureken wigatining prelu saderengipun ngaturaken ingkang dados prelunipun, langkung rumiyin ngaturaken salam saking ingkang ngutus, tuladhanipun :
Langkung rumuyin kula kinen ngaturaken salam taklim/puji pandonga wilujeng saking Bapa / Ibu...........................................mugi katur Bapa / Ibu...................... dene ingkang dados telenging sedya/wigatining sowan kula kinen/saprelu nglarapaken/masrahaken ingkang putra pengnten kakung pun Bagus.......................... atmajakakungipun Bp./Ibu.................................(katamabahaken alamtipun................ ingkang pidalem ing..................................)
Ingkang ing dinten punika badhe kadaupaken kaliyan anak Rr......................... Putra pawestrinipun Bp..............................sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika kula pasrahaken dhumateng panjenengan, borong kasembadaning sedya. Kula namung nderek meuji tansah manggiya wilujeng.
Panutup
Wasana cekap semanten atur kula, menawi sowan kula wonten kirang jangkeping trapsila, semanten ugi atur kula mboten mranani ing panggalih, keparenga ngluberaken sih samudraning pangapura, nuwun/maturnuwun. Wasalam.
Cathetan :
Nalika pasrah lan/nampi pasrah mboten preu nyebat utawi nyuwun idi palilah dhumateng tamu, jalaran wonten ing tatacara punika wekdal sawetahipun sampun kapasrahaken dhumateng laraga ingkang nampi jejibahan.
TULADHA WACANA PASRAH MANUT POLA/
CENGKORONGAN NGAJENG
Ingkang ngutus nama Bp./Ibu Sardjono
Ingkang nampi nama Bp. Sadono
Ingkang dipun wakili nama Bp./Ibu Sarjito
Penganten kakung nama Bagus Sudibyo, ST
Penganten putri nama Rr. Salindri, SE
Wiwahan dinten / tanggal Minggu, 11 Desember 2005
Salam......................................................
Nuwun,
Katur dhumateng Bp. Sadono ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tinanggenah dados wakilipun Bp. Sarjito sekalian.
Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bp. Sarjono sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing ngarsa penjenengan.
Saderenge kula ngaturaken wigatining sowan kula prelu langkung rumiyin ngunjukaken raos suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, penjenengan kula saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu ing suka rena.
Bapak Sadono ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Sarjono sekaliyan mugi kaaturna dhumateng Bapak Sarjito sekalian, dene ingkang dados telenging sedya saha wigatining prelu, kula kadhawuhan nglrapaken penganten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, atmaja kakungipun Bapak Sarjono sekaliyan ingkang pidalem ing..........................................ingkang ing dinten punika, Minggu, 11 Desember 2005 badhe kadaupaken kaliyan anak Rr. Salindri, SE putra putrinipun Bapak Sarjito sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika penganten kakung pun bagus Sudibyo, ST, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah kalaksanane sedya. Kula namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah manggiya wilujeng.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani ing panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami nuwun matur nuwun.
TULADHA NAMPI PASRAH PENGANTEN
Pola/cengkorongan wacana nampi pasrah :
Andangiyah / Salam
Ingkang dipun kulinani mangangge pambuka basa punapa, sumangga kemawon
Nyebat asmanipun ingkang membekemawon pasrah.
Nepangaken/nyebat dirinipun piambak, kalajengaken punapa ingkang dados jejibahanipun tulada : “kula ing ngriki tinanggenah hamakili (dados sulih saliranipu) Bp................................Sekaliyan kinen hananggapi saha nampi menggah rawuh panjenengan”.
Atur pambagya
Atur panampi :
Panutup
Tuladha wacana nampi pasrah manut pola ing nginggil :
Salam......................................
Nuwun /kula nuwun, katur dhumateng Bp. Daryatmo ingkang kinormatan.
Kula ing mriki minongko sulih sariranipun Bp. Sarjito sekaliyan, titiwanci punika mundhi dhawuhipun kinen nampi saha hananggapi menggah rawuh panjenengan.
Ingkang punika langkung rumiyin kula hangaturaken pambagya wilujeng sugeng rawuh, saha munjukake puji syukur Alhamdulillah ing ngarsaning Pangeran Ingkang Maha Agung, dene hawit saking paringipun berkah lan pangayomanipun, panjenengan sampun kasembadan rawuh ing mriki kanthi wilujeng.
Dene punapa ingkang dados wigatinipun, ing ngejeng sampun panjenengan dhawuaken, wiwit purwa ngantos wasana kados mboten kirang trewaca malih menggah panampi kula, inggih punika salam taklim saking Bapak Sarjono sekaliyan sampun kula tampi lan badhe kula aturaken dhumateng Bapak Sarjito sekaliyan, samanten ugi Bapak Sarjito sekaliyan ngaturaken salam kawilujengan mugi katur Bapak Sadjono sekaliyan, salajengipun pasrah panjenengan penganten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, kula tampi kanthi suka bingahing manah, lan inggal badhe kapanggehaken kaliyan Rr. Salindri, SE putra putirinipun Bapak Sarjito sekaliyan. Dhumateng Bapak Daryatmo sapangombyong, sasampunipun dhauping penganten ing mangke kula suwun lenggah ngestreni saha hanjenengi wiwahan punika ngantos paripurna.
Semanten atur panampi kula, manawi wonten galap gangsuling atur mugi keparenga paring pangapura. Matur nuwun.
Kalajengaken salaman antawis ingkang pasrah lan ingkang nampi.

TULADHA ATUR PAMBAGYA PENGANTEN



Cengkorongan wacana atur pambagya ing pahargyan punika sami/meh sami kaliyan wacana-wacana kados tuladha ing ngajeng :
Andangiyah ( Pambuka basa menggahing serat).
- Kulinanipun mangangge punapa, sumangga kemawon.
Nyebat diri pribadi lan ingkang dados ayahanipun.
Atur pambagya sugeng rawuh.
Ngaturaken wigatining pahargyan
Atur Panuwun :
Dhumateng para tamu
Dhumateng ingkang sami sabiyantu
Dhumateng sinten kemawon ingkang sampun nyengkuyung
Raos ngenggana kekiranganipun.
Panutup
Tuladha wacana manut sengorongan ng nginggil kanthi prasaja lan riringkesan kados ing ngandhap :
Salam........................................
Para tamu ingkang kinormatan, mugi kalilan kalih sumelamatur ing ngarsa panjenengan, awrat labet minangkani pamundhutipun Bapak.....................sekaliyan ing wanci punika kula kinen hamakili matur ing ngarsa panjenengan.
Ingkang punika kula ngaturaken pambagya wilujeng sugeng rawuh, saha munjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, dene awit saking berkah tuwin kamirahanipun, siang/dalu punika saget sami pinanggih kanthi wilujeng mboten kirang satunggal punapa, mboten kesupen ugi ngaturaken agengin panuwun, dene panjenengan sampun kapareng nyisihaken wekdal saperlu minangkani atur panyuwunipun Bapak........................................ sekaliyan lumantar sedhahan ingkang sampun katur ing ngarsa panjenengan.
Dene isi suraosing sedhahan sanes in wanci kalenggahan punika, (dipun sebat dinten lan tanggalipun) awit berkahing Allah SWT, Bapak........................... sekaliyan kasembadan netepi darmaning asepuh, hamiwaha atmaja pawestrinipun asesilih..........................jinatukrama Bagus................................. Atmaja kakungipun Bapak..........................sekaliyan. Dene ijab panikahipun penganten kekalih sampun kalampahan kanthi wilujeng ing dinten............................Ing pahargyan siang/dalu punika panjenengan kasuwun rawuh saperlu hangestreni saha hanjenengi panggihing penganten tuwin pareng tambahing donga pangestu, mugi-mugi putra kekalih ingkang sampun gumolong sedyanipun ambangun brayat inggal punika lestantun anggenipun jejodohan, tinebihaken saking sakathahing godha rencana, cinaketna ing suka basuki, satemah saged teka ingkang jenangka tutug ingkang ginayuh, widagda ambangun bale wesma.
Kajawi punika Bapak................................sekaliyan, mboten katalompen ngaturaken agenging panuwun dhumateng sadaya paringipun tandha tresna ingkang awujud punapa kemawon, mugi-mugi amal kesaenan panjenengan pinaringan leliru saking Allah SWT, lan hanambahono arum kuncaraning asma panjenengan wonten ing madyaning bebrayan agung. Atur panuwun ugi dhumateng para sanak kadang lan tangga tepalih ingkang sampun kepareng paring sabiyantu, satemah pahardyan ing siang/dalu punika saget kasembadan kanthi sae.
Para tamu kakung putri ingkang pantes konormatan Bapak.......................sekaliyan hanglenggana, sanajan pahardyan siang/dalu punika sampun katata lan karacik dangu saderengipun, kula pitados taksih wonten kirang lan kuciwanipun. Ingkang punika kula namung hanyenyadhang lumebering samudra pangaksama. Salajengipun mugi kapareng dumugekaken lelenggahan ngantos dumugining paripurna, sinambi hangrahapi atur pasugatan sanajan namung sapala.
Pepuntoning atur, mbok bilih anggen kula sowan lan matur ing ngarso panjenengan wonten tuna dungkaping tumindak lan galap gangsuling atur, mugi diagungna ing pangapura.

TULADHA WACANA TUMRAP PAMBIWARA PAHARDYA PENGANTEN



Wonten ing pahargyan penganten manawi kawontenan tamu sampun kirang langkung 75% rawuh, pambiwara saged wiwit ambuka menganing pahargyan, kanthi ngaturaken pratelan menggah lampah-lampahipun pahargyan namung kanthi riringkesan. Caranipu kados ing pakeliran manawi nuju janturan, liripu gangsa (nalika samanten manguyu-uyu) tetep mungel, nanging lamat-lamat lajeng sinerengan kaliyan aturipun pambiyawara. Menggah tuladha wacananipun makaten:
Nuwun, para tamu kakung-putri langkung-langkung para sepuh, para sarjana miwah sujana ingkang mahambeg luhuripun budi sasampunipun nampi sasmita saking sesepuhing pahargyan, mugi kepareng kula ingkang tinanggenah dados pambiwara hamiwiti ambuka menganing pahargygan ing siang / dalu punika.
Wonten ing dinten pinilih surya pinitang, inggih ing dinten punika awit saking berkahing Allah SWT. ginunturan ing pujo pangastawanipun para rawuh, panjenenganipun Bp. ........................... Sekaliyan sampun dipun kaparengaken netepi darmaning asepuh amiwaha ingkang putro-putrinipun ingkang anggung kinasih Rr. ........................... , jinatukrama kaliyan Bagus ..........................., atmaja kakungipun Bp ........................... sekaliyan.
Ingkang punika pambiyawara badhe ngaturaken sawatawis menggah lampah-lampahing pahargyan siang / dalu punika, sageta andadosaken ing uninga.
Minangka purwakaning tatacara sasampunipun ingkang putra penganten putri purna anggenipun ngadi sarira hangedi busana, tumunten kalarapaken manjing ing sasana pahargyan lenggah ing palenggahan rinengga.
Kasusul bidhaling carakja kekalih tumuj sasana paleleremanipun penganten kakung, saperlu atur uninga bilih titiwanci sampun prayogi pengantin kakung kalarapaken manjing ing sasana pahargyan.
Sapraptanipun ing wiwara ngajeng kandhek sawatawis, saperlu katindakaken tatacara pasrah panampining penganten kakung.
Purna pasrah lan panampi kasusul panggihing penganten.
Sarampungipun tatacara adat punika kanthi siningepan sindur ingkang ibu kairing tumuju palenggahan.
Sasampunipun satata lenggah tumunten katindakaken tatacara krobongan.
Katungka rawuhipun besan sapangiringipun, tumapak ing titilaksana besan mertui.
Sasampunipun lenggah kanthi prayogi, katindakaken tatacara adat sungkeman.
Salajengipun titilaksana candhakipun, ingkang mengku damel badhe sowan ing ngarsa panjenengan saperlu hamanembrama ngaturaken pambagyahayu.
Para tamu kakung-putri ingkang kinormatan, minangka pratandha paripurnaning pahargyan, manawi penganten sampun kabodol saking palenggahan, kairing tumuju sangajenging wiwara sasana wiwaha, saperlu nguntapaken kunduripun para tamu kanthi tangkep asta.
Makaten menggah atur pratelan lampah-lampahipun pahargyan siang / dalu punika, mugi andadosna ing uninga, matur nuwun.
Wacana ngandhakaken tumapaking tatacara :
Temanten putri lenggah :
Para tamu ingkang kinormatan sampun wonten sasmita saking mlebet patenggan, bilih penganten putri sampun sangkep abusana, awit saking punika badhe kairing tumuju palenggahan. Menggah tata rakiting lampah kapara ing ngajeng patah klih sakembaran pinaragan angger...................Saha angger ............................, sawingkingipun patah penganten putri kekanthi ibu..................................saha ibu...................................Jengkaripun penganten putri saking sasana busana kabiwadha ungeling Ktw. Puspawarna sl. My. Ing wasana sumangga menggah kalampahaning sedyo.
Bidhaling caraka :
Nuwun, para tamu ingkang kinormatan, sasampunipun penganten putri lenggah sawatawis kasusul budhaling caraka tumuju ing pelereman penganten kakung, saprelu atur uninga wancinipun sampun prayogi penganten kakung kalarapaken manjing ing sasana wiwaha.
Para tamu kakung putri ingkang kinormatan, kanthi kapyarsaning Ldr. Wilujeng Pl.Br. punika satuhu nyasmitani rawuhipun penganten kakung. Dhumateng Bp........................ mugi kepareng hangacarani dhumugi papan pasrah lan panampi pengantin kakung. Sasampunipun sumadya samukawisipun, para paraga sampun siaga ing diri saha sawega ing gati tumunten katindakaken tatacara pasrah panampi. Priagung ingkang kepareng masrahaken Bp............ dene ingkang nampi Bp........................ Ingkang jumenengipun kaapit-apit Bp................... saha Bp........................... ing wasana sumangga wekdal sawetahipun kula aturaken, ( sasampunipun pasrah kelajengaken panampi, menggah aturipun pambiwara makaten). Makaten para tamu kaung-purti, menggah dawuh pangandika pasrah saking Bp...............................salejengipun badhe tinanggapan Bp......................... sumangga (sasampunipun rampung pinampinipun, aturipun pambiyawara mekaten).
Salajengipun penganten kepanggihaken, ingkang punika dhumateng Ibu........ saha Ibu................ mugi kapareng nyamektaaken sadaya upacaraning panggih. Dene ingkang paring pangestu panggihing penganten Ibu.................. Dhumateng Ibu.............................. saha Ibu...................... semanten ugi Bp........................... saha Bp............................. mugi kepareng hanganthi penganten tumuju ing telenging sasana panggih, dene panggihing penganten kabiwada ungeling kodhok ngorek kalajengaken Ktw. Laras Maya (sarampungipun panggih, aturipun pambiyawara mekaten).
Para tamu kakung-putri ingkang kinormatan, salajengipun penganten siningepan sindur ingkang ibu ing pamindhanganipun, kairing tumuju palenggahan dene ingkang rama lonlonan lumaksana tut wuntat.
Tatacara krobongan
Aturipun pambiyawara mekaten :
Para tamu kakung-putri ngiras pantes nguri-uri adat lupiya jawi titilaranipun para leluhur, badhe katindakaken tatacara Krobongan, dene ingkang badhe mratitisaken ibu..........................kabiyantu ibu..........................., lampahing tatacara punika kanthi kairing Ldr. Sri Widada, ing wasana sumangga.
Besan mertuwi.
Pambiyawara saget matur mengaten : Para tamu nembekewala purna tatacara krobogan, katungka rawuhipun besan Bp/Ibu .......................saperingiripun. Ingkang punika dhumateng Bp........................sekaliyan mugi kepareng ngacarani. Rawuhipun besan kairing ungeling Ldr. Tirta Kencana, sumangga.
Para tamu ingkang kinormatan sasampunipun besan dalah pangirng satata lenggah kanthi prayogi, salajengipun katindakaken tatacara adat sungkeman, penganten bade namdukaken sembah pangbektinipun dhumaten rama ibu dalah mara sepuh, kanthi ngaras pepada sumungkem hamarikelu. Tata cara punika sawetahipun katuntuna ibu ..............................punika kairing ungaling Ldr. Mugi Rahayu SI.My. ing wasana sumangga.
Atur pambagiya hayu :
Para tamu kakung-putri, ingkang dados punapa bombonging penggalihipun Bp.........................sekaliyan dupi ngawuningani lan nampi rawuh panjenengan, amila mboten badhe kawiyos nyarirani matur pribadi ing ngarsa panjenengan, dhawahing sampur namung dhumateng kadang pinitados inggih Bp. ................... ingkang ing siang / dalu punika tinanggenah kaapit-kaapit Bp. .......................... saha Bp. ..............................minangka pakormatan, dhumateng Ibu ................... saha Ibu ........................................................mugi kepareng mratitisaken jemenengipun penganten dalah rama ibu, manawi samadayanipun sampun siaga ing diri, saha sawega ing gati, wekdal sawetahipun kula aturaken. Sumangga. Sasampunipun pasugatan atus, pratanda pawiwahan sampun paripurna. Menggah aturipun pambiyawara mekaten :
Para tamu kakung-putri ingkang satuhu mahembug luhuring bud, wancinipun sampun dumugi wekasing sedya wigatining prelu, ndungkap titimangsa purnaning gati. Sadaya kalawau mboten sanes hawit berkah tuwin sihing Gusti Ingkang Maha Agung, pahargyan siang/dalu punika sampun kelampahan kanthi wilujeng, datan wonten rubedaning lampah. Ingkang punika dhumateng Bp.........................sekaliyan kasuwun anjengkaraken penganten sekaliyan, salajengipun kairing tumuju wiwaraning tarup, kaapit rama iu nguntapaken konduripun para tamu kanthi tangkep asta, sarta nyuwun tambahing pangestu. Jengkaripun penganten kabiwadha ungeling ayak-ayakan menggah tedhak saking kalajengaken gleyong, ing wasana sumangga.
Sareng kaliyan bidaling para tamu pambiyawara saget matur mekaten :
Kanthi kapyarsaning ayak-ayakan punika satuhu sampun paripurna samudayanipun. Mboten kesupen kula ingkang sinanggenah pinangka pambiyawara tansah hanyenyadhang rumentahing sih samodra pangaksama, manawi anggen kula matur mboten mranani ing panggaih, lan katah klenta-klentunipun, wasana sumangga asesanti : Mugi tansah manggih wilujeng winantu ing suka rena matur nuwun.

WACANA PAMBIWARA ING SEDANG / KESRIPAHAN



Wacana wonten ing sedang (kesripahan) punika prayogi dipun budidaya angginakaken tetembungan ingkang langkung prasaja (lugu), mboten kados ing pahargyan, tugas pambiyawara namung : byawarakaken punapa ingkang bade tumindak, sampun ngantos ngirangi hakipun pamedharsabdo sanesipun.
Menggah cengkoronganipun mekaten :
Pambuka
Ing ngriki pambiyawara winates ngaturaken lampah-lampahipun tata cara ingkang badhe katindakaken. Dene tatacaranipun nama : Tatacara bidaling layon, sanes tatacara pangruktineng layon.
Manawi sampun dumugi wancinipun kawiwitan, pambiyawara byawarakaken saben titilaksana ingkang badhe tumindak. Dene uruanipun ;
Atur pambagya saking wakil ingkang nandang.
Tanggap wasana asung bela sungkawa.
Waosan sejarah sugengipun ingkang seda ( manawi wonten )
Waosan donga
Tata cara brobosan (menawi wonten )
Pangangkatipun kendhagaraya, lss.
Panutup
Tuladha wacana manut cengorongan ing inggil :
Pambuka. Para tamu, para asung bela sungkawa ingkang kinormatan ing wanci siang punika bade sesarang nguntapaen layonipun......................................kados kecetha ing iber-iber lelayu, bilih kala dinten .................... Bp. Rachmad Chusen sampun katimbalan sowan ing pangayunaning Allah SWT. Siang punika layon badhe kapetak ing astana ...................Kaangkah wanci jam...........namung saderingipun badhe kawontenaken tatacara sawetawis, inggih punika :
Atur pambagya saking wakul ingkang nandhang sungkawa.
Asung bela sungkawa saking :
_________________________________
_________________________________
Pamaosing sejarah sugengipun suwargi ......................
Waosan donga
Tata cara ada brobosan
Sarampungipun tatacara punika layon kaangkat dhateng ratalaya deneng.............. ugi perlu kula aturaken ing ngriki kangge kapreluan layadan ing siang punika kulawarga nyamektaaken titihan arupi . . . . . . . . . . . para asung bela sungkawa ingkang kinormatan, mekaten menggah lampah-lampahing tatacara bidhaling layon ing siang punika mugi andadosna ing uninga. Salajengipu mugi layon ing siang punika mugi andadosna ing uninga. Salajengipun mugi kepareng sumene sawatawis hanyrantos tumapaking tatacara mangke, nuwun.
Wacana manawi sampun ngancik tumapaking tatacara bidhaling layon.
Atur Pambagya
Para asung bela sungkawa ingkang kinormatan, wanci sampun prayogi tatacara bidhaling layon siang punika kawiwitan. Wakil saking ingkang nandhang dhuh kita badhe ngaturaken pambahya kasarira Bp............................., dene jumenengipun kaapit-apit Bp.........................saha Bp..........................., hing wasna semangga wekdal kula aturaken.
Tanggap wacana asung bela sungkawa
Salajengipun ngancik tanggap wasana asung bela sungkawa, kapisan saking :..... Dipun sarirani Bp.......................Angka kalih saking ......................., ingkang dipun sarirani Bp................................
Pamaosing sejarah sugengipun
Para asung bela sungkawa ingkang kinormatan, titilaksana candhakipun pamaosing riwayat hidup suwargi. Ingkang punika dhumateng Bp................... wekdal kula aturaken.
Para tamu kakung putri ingkang kinormatan, salajengipun waosan donga dining Bp......................................, manawi sampun sumadhya, wekdal kula aturaken.
Tatacara adat brobosan ( manawi wonten )
Saderengipun kendhagalaya kelebetaken ing ratalaya, bade katindakaken tatacara adat brobosan, ingkang badhe kapratitisaken Bp......................................
Ara asung bela sungkawa ingkang kinormatan, kanthi bidhaling layon dhateng astana............................punika, sampun paripurna tatacara ing siang punika, kula ingkang tinanggenah dados pambiyawara, manawi wonten kalentining tumindak lan atur mugi diagungna ing pangapura, wasana maturnuwun.